Minggu, 15 Mei 2016

Kepriye Carane Ngelestarikake Budaya Jawa ing Jaman Era Globalisasi?


Budaya Jawa iku pranataning uripe wong Jawa nuju kasampuraning jalma manungsa. Pranatan iki tegese pangerten lan cara. Pangerten bab urip nuduhake sapa sejatinging manungsa iku, jejer lan kewajibane. Kebudayaan Jawa kuwi kebudayaan sing dianut masyarakat Jawa, sing ngutamakna keseimbangan, keselarasan, lan keserasian, dadi kabeh unsur (urip karo mati, alam karo makhluk urip) kudu salaras, padha akur, intine kabeh kudu cocog.
Ing jaman saiki yaiku jaman era globalisasi lan era globalisasi iki dampake yaiku salah sawijine akeh kabudayan asing mlebu ning gone tengah-tengahe budaya jawa, lan budaya asing sing mlebu kuwi akeh para pemuda pemudi penerus kita sing terjerumus utawa terpengaruh marang budaya asing sehingga para penerus budaya Jawi ora ana, lan sing arep nerusake lan nguri-uri kabudayan Jawa iki sapa, menawi para pemuda terpengaruh marang kabudayan asing. Dadi mulai saka saiki mumpung durung kasep lan punah kabudayan Jawi kita supados saged bener-bener nyenengi kabudayan Jawa, ya contone ben seneng ya kita supados bisa ngenal macem-maceme kabudayaan Jawa ya kaya wayang kulit reog lan sakpiturute
 Sengaja digawe ben ketok aneh nganggo aksara-aksara sing ora trep kathi pangajab ben katon ‘gaul’. Menawa babagan kekleron nulis basa Jawa, akeh sing padha ora ngerti utawa ora sengaja yen nulise salah. Kahanan sing paling umum yaiku nulis aksara ‘a’ nganggo aksara ‘o’. Kayadene ing tembung ‘mangga’ sing ditulis ‘monggo’ utawa ‘lara’ (sakit) ditulis ‘loro’. Generasi muda lan mudi sakniki niki cenderung seneng kalian budaya saking luar, budaya saking luar niku malah dingge ajang berekpresi kajenge diterimo ing dalem pergaulan. Budaya saking luar didadosaken jatidiri kangge bentuk karakter sikap kebiasaan para pemuda. Nilai-nilai budaya saking luar cenderung mboten sesuai kalian nilai-nilai luhur. Kearifan lokal dados senjata ampuh kangge dobrak tatanipun budaya Jawi. Lajeng sinten ingkang ajeng nguri-uri kabudayan jawi,menawi para generasi penerusipun mboten purun nguri-uri? Dados monggo sakniki wekdale kangge nggugah para generasi penerus kajenge seneng lan mencintai budayanipun kyambak sakderenge budaya Jawi niki ical tenggelam wonten dasar budaya asing.
Nilai nilai Jawi ingkang adiluhung saged kita dadosaken modal cultural kangge mbangun jatidiri lan karakter tyang-tyang Jawi. Jatidiri lan karakter dikarepaken mboten namung nyiptaaken lahir ing dalem fisik mawon. Tampilanipun fisik ing dalem hal berbusana kejawen lan ing dalem bahasa Jawi. Jatidiri lan karakter niku wau saged dingge nilai-nilai dasar sikap kebiasaan kita, lan kejeniusan kita lan ing jaman sakniki katah gempuran-gempuran saking budaya asing, dados budaya Jawipun saged kalah kalian budaya asing saking luar, niki masalah ingkang bahaya sanged.
Generasi muda lan mudi sakniki niki cenderung seneng kalian budaya saking luar, budaya saking luar niku malah dingge ajang berekpresi kajenge diterimo ing dalem pergaulan. Budaya saking luar didadosaken jatidiri kangge bentuk karakter sikap kebiasaan para pemuda. Nilai-nilai budaya saking luar cenderung mboten sesuai kalian nilai-nilai luhur. Kearifan lokal dados senjata ampuh kangge dobrak tatanipun budaya jawi. Lajeng sinten ingkang ajeng nguri-uri kabudayan Jawi, menawi para generasi penerusipun mboten purun nguri-uri? Dados monggo sakniki wekdale kangge nggugah para generasi penerus kajenge seneng lan mencintai budayanipun kyambak sakderenge budaya Jawi niki ical tenggelam wonten dasar budaya asing. 
Ngayogyakarta Hadiningrat saged kangge basis budaya Jawi lan dikarepaken saged dadosaken benteng kadudayanipun kiyambak niki. Budaya Jawi saget dados modal kita mbangun pariwisata ingkang saget nyukani lapangan pekerjaan. Pariwisata budaya Jawi saged nyukani nilai ekonomi ingkang saged menyejahterakan masyarakat Jawi menawi di urus kanthi saestu lan kita supados saged marisaken kabudayan Jawi niki tenggene para generasi penerus kita.
Budaya Jawi inggih menika salah satunggaling kathaing budaya ingkang di gadahi Indonesia. Tanggung jawab bareng bareng sedaya masyarakat kangge saged maningali budaya Jawi tetep lestari. Salah satunggaling inggih menika konsistensi aking masyarakat kangge mempertahanke jati diri budaya Jawi. Hal punika ingkang supados ingkang di asilaken saking kegiatan diskusi interaktif ingkang judul budaya jawi kudu di uri-uri dumateng generasi penerus, ingkang diselenggarakake dumateng Keraton Surakarta kaliyan Universitas swasta saking Yogyakarta. Kegiatan ingkang digelar ing pendapa Magangan kompleks Keraton Surakarta Hadiningrat mbahas piye carane kangge uri-uri budaya Jawi dumateng pelajar.
Carane kangge uri-uri inggih menika:
·        siswa/pelajar digawe seneng rumiyen dumateng budaya Jawa
·       pelajar dikenalke marang budaya-budaya Jawa
·      siswa dipangerteni sejarah budaya-budaya Jawa
·     siswa/pelajar diparingi sosialisasi supados saget mempertahanke lan nguri-uri budaya Jawa.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar